Dinten niki, kula ningali blog ingkang dipuntulis ngagem basa jawa. Kula dados kangen bebasan. Hehehe... katah ingkang mboten kula elingi. Basa jawa niku wonten tigang macem: krama inggil, campuran, lan andhap asor. Menawi ditingali luwih khusus, basa jawa saged digolongaken dados 7, piturut tingkat kasopananipun lan piturut kagunaanipun. Sayangipun, kula mboten saged bebasan (ngangge basa alus) malih. Ingkang tesih kula elingi nggih bebasa ngoko (bebasa kasar) amarga sedinten-dinten, kula lan rencang-rencang ngangge basa niki.
Menawi mboten ngartos, basa alusan lan basa kasar niku saged ditingali saking kata-kata ingkang digunaaken.
Basa alusan (krama): Rama, panjenengan badhe tindak pundi?
Basa kasar (ngoko): Bapak, kowe arep lunga ngendi?
Basa alusan biasa digunaaken kaliyan bocah marang sesepuh, wong marang wong liya kang derajate luwih dhuwur, wong marang wong liya kang dipunkagumi, bawahan marang atasanipun.
Basa kasar biasa digunaaken kaliyan sesepuh marang bocah utawa wong kang luwih enom, guru marang muridipun, wong kang derajate dhuwur marang wong kang derajate luwih asor, atasan marang bawahan, lan wong marang rencange sedaya.
Piturut kula, sampun cekap kula bebasan nggih. Sakniki, kula badhe ngagem basa kasar, amarga kula luwih saged ngangge basa ngoko, supaya kula saged ngutaraken pikiranipun kula luwih becik.
Sebenere aku ora ngerti arep nulis apa. Bingung. Tapi, pengen wae nulis nganggo basa jawa meneh. Hehehe... Piye-piye, aku bangga karo basa jawa. Ana kanca kuliahku (wong palembang) sing ngomong: "Gue kalo denger orang ngomong bahasa jawa, masih mending lah daripada denger orang ngomong bahasa sunda. Apalagi kalo mereka keren, tapi ngomongnya bahasa sunda, berasa ga cocok aja gitu, jatoh pasarannya"
Hihihi, maaf buat orang sunda yah, sekedar pendapat pribadi dari temenku kok. Jangan dianggap serius.
Ngomong-ngomong soal kangen, aku kangen karo mak'e, karo pak'e, karo budhe lan pakdhe, tur yo kangen karo adhi-adhiku, kangen karo basa jawa, kangen karo kanca-kanca. Kangen lentog, kangen opor panggang, kangen lodeh tahu, kangen masakane budheku, kangen ponakanku sing ayu tur nggemesi.
Soal uripku, aku kepengen nglakokke macem-macem tapi yo ajeg, aku kekurung neng kene. Ra isa apa-apa. Isih akeh sing kudu tak lakoni sedurunge aku isa nglakokke sing tak pengeni. Nek tak itung-itung, kurang luwih yo aku kudu ngenteni 5 nganti 6 tahun meneh. Kesel si kesel, tapi yo piye meneh. Aku sakiki gek kelangan semangat, gek kueseeel jan ra karuan, bingung, kaya kelangan jeru banget tapi ra reti kelangan apa. Mulakno, aku kudu isa nganakke semangatku meneh, kudu mantepke ati kanggo nglakoni 6 tahun mengarep. Ora bakal gampang, apa meneh nek ndelok kondisiku sing saiki (Gusti Pangeran musti ngerti maksudku).
Aku pengen nangis yo rak iso, pengen gembar-gembor yo ra isa (isin). Pengen diemong tapi sing tak pengeni nggo ngemong ra teka-teka. Ya Allah Gustiiii... apa karepMu? apa karepku? Aku kangen tapi ora isa nyedhak. Aku malah terus mlayu saka sampeyan. aku kangen, kangen, kangen, kangen, kangen, kangen.... aku pengen nemokke sing bener, aku pengen ketemu. Masa'a njenengan mboten ngertos lan ngrasakaken... kula tresna marang njenengan.

12 comments:
aku ora mudeng na..
hehehe...
pake bahasa beringharjo-an bisa ndak? :D
waduh, aku gak bisa basa beringharjoan. maap ya. aku cuma bisa basa kasar gitu. hihihi.
nah itu dia bahasa beringharjo lebih kasar dari bahasa dirimu itu :D
ngak paham... =.=
it can't be understand even for some people in indonesia, zizi. coz i wrote it in a sub-regional language. one tribe in indonesia, javanesse, has javanesse language and i use one of the dialect :)
so, only people in my area know what i wrote. or.. some of javanesse could understand, if they put some effort to imagine the meaning :)
Kadosipun andhap asor punika istilah kagem watak mBak,sanes jinisipun tingkat basa Jawi.mBok menawi panjenengan klentu/limpad kaliyan Krama Andhap ?
tony: haha mekaten tho? matur suwun informasinipun :)
Ahaa, its fastiԁіous dialoguе оn the topiс оf thіs
paragraph heгe at thiѕ webpage, I haѵe read all that, so now mе also commenting at this plaсe.
my web site :: bucket truck
My web page: utility bucket truck
І visited ѕeverаl ωeb sites
but the audio quality for audio songs currеnt at thіs web page
is genuinelу fabulοus.
Αlso ѵisit my site tens machine
Also see my website > tens machine
Hеllo therе, I discoνered your web sіte by way of Google at the same timе aѕ seагching foг a sіmilаr subject,
your web sіte cаmе up, it seems good.
I've bookmarked it in my google bookmarks.
Hello there, simply become aware of your blog thru Google, and found that it is really informative. I am gonna watch out for brussels. I'll be grаteful when you pгoсееd this
in future. Many people will lіkely bе benefited out of your wrіting.
Ϲheeгs!
Feel freе tο ѵіsіt my blοg :: car insurance
Be sure to set proper borders for your kids to comply with as they age. Boundaries are an integral part of almost everything we all do. These are interpersonal suggestions that children learn, and if they understand the appropriate limitations at the beginning, they then will realize how to bring themselves the remainder of their life. [url=http://www.ss12w12ws.info]Philan4335d[/url]
Post a Comment